AnekaNews.net


ANEKA TIPS INFORMASI DAN BERITA
Announcement
Random News
Para ibu tiap harinya mungkin selalu dihadapkan pada pertanyaan apa yang kira-kira menu sarapan yan ... Read More »
Published: Fri, 24 Jan 2020 - 11:12:42
Category: Hiburan
By: AnekaNews.top
Hits: 1746/1867
Comments: 0/1
Lirik Lagu KIDUNG WAHYU KOLOSEBO Jawa Campursari

Lirik Lagu KIDUNG WAHYU KOLOSEBO Jawa Campursari - AnekaNews.net

AnekaNews.top - Lirik Lagu KIDUNG WAHYU KOLOSEBO Jawa Campursari

Lirik Lagu:

KIDUNG WAHYU KOLOSEBO


Rumekso ingsun, laku nisto ngoyo woro
Kelawan mekak howo, howo kang dur angkoro
Senadyan setan gentayangan, tansah gawe rubeda
Hinggo pupusing jaman

Hameteg ingsun, nyirep geni wiso murko
Maper hardening ponco, saben ulesing netro
Sinambaran sih kawelasan, ingkang paring kamulyan
Sang Hyang Jati Pengeran

Jiwanggo kalbu, samudro pepuntoning laku
Tumuju dateng Gusti, dzat Kang Amurbo Dumadi
Manunggaling kawulo Gusti, krenteg ati, bakal dumadi
Mukti ingsun, tanpo piranti


Sumebyar ing sukmo, madu sarining perwito
Maneko warno prodo, mbangun projo sampurno
Sengkolo tido mukso, kolobendu nyoto sirno
Tyasing ro-so mardiko

Mugiyo den sedyo, pusoko Kalimosodo
Yekti dadi mustiko, sajroning jiwo rogo
Bejo mulyo waskito, digdoyo bowo leksono
Byar manjing, sigro-sigro

Ampuh sepuh wutuh, lan keno biso paneluh
Gagah bungah sumringah, ndadar ing wayah-wayah
Satriyo toto sembodo, wirotomo, katon sewu kartiko
Kataman wahyu, Kolosebo


Memuji ingsun, kanthi suwito linuhung
Segoro gando arum, suh rep dupo kumelun
Tinulah niat ingsun, hangidung sabdo kang luhur
Titahing, Sang Hyang Agung

Rembesing tresno, tondo luhing netro roso
Roso rasaning ati, kadyo tirto kang suci
Kawistoro jopo montro, kondang dadi pepadang
Palilahing, Sang Hyang Wenang

Nowo dewo jawoto, tali santiko bawono
Prasido sidhikoro, ing sasono asmoroloyo
Sri Narendro Kolosebo, winisudo, ing gegono
Datan gingsir, sewu warso



Semoga bermanfaat.
Title Tags Search:
See Also:
Comment: (1)
MorrisNug [Wed, 28 Dec 2022 - 20:29:56]
<a href="https://hydroxychloroquinex.com/">https://hydroxychloroquinex.com/</a> hydroxychloroquine 200mg buy
View All Comments on Lirik Lagu KIDUNG WAHYU KOLOSEBO Jawa Campursari
Add Comment:
Name* :
Url :
Comment*:
[BB Code] [Smiley]
Code*: 97003
Bookmark and Share